Kamis, 15 Januari 2015



KHUTBAH NIKAH DALAM BAHASA JAWA
Oleh : Hasysa

 السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيْم.
الحَمْدُ للهِ الَّذِي لاَ تُصَادِفُ سَهَامَ اْلأَوْهَامِ فيِ عَجَائِبِ صُـنْعِهِ مَجْرَى. وَلاَ تُرْجَعُ اْلعُقُوْلُ عَنْ أَوَائِلِ بَدَاِئعِهَا إِلاَّ وَالِهَةٌ حَيَّرَى. وَلاَ تـُزَالُ لَطَائِفُ  نِعَمِهِ عَلَى اْلعَالَمِيْنَ تـَتـْرَى. فَهِيَ تــَتَوَالَّى عَلَيْهِمْ اِخْتِيَاراً وَقَـهْراً. وَمِنْ بَدَاِئـعِ أَلْطَافِهِ أَنْ خَلَقَ مِنَ اْلمَاءِ  بَشَراً فَجَعَلَهُ نَسَباً وَصَهْراً. وَسَلَّطَ عَلَى اْلخَلْقِ شَهْوَةً  اِضْطَرَّهُمْ بِهَا اْلحِرَاثـَةُ  جَـبْراً. وَاسْتَبـْقَى بِهَا نَـسْلُهُمْ  إِقْهَاراً وَقَسْراً. ثُمَّ عَظَّمَ أَمْرَ اْلأَنْسَابِ وَجَعَلَ لَهَا قَدَراً. فَحَرَّمَ  بِسَبَبِهَا السِّفَاحَ وَ بَاَلغَ فيِ تَقْبِيْحِهِ رَدْعاً وَ زَجْراً. وَجَعَلَ اِقْتَحَامَهُ  جَرِيْمَةً  فَاحِشَةً  وَأَمِرَ إِمْراً، وَنَدَبَ إِلَى النِّكَاحِ وَحَثَّ عَلَيْهِ اِسْتِحْبَاباً وَأَمْراً. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ المَبْعُوْثِ بِالإِنْذَارِ وَالبُشْرَى. وَعَلَى آلهِ وَأَصْحَابِهِ صَلَاةً لَا يَسْتَطِيْعُ  لَهَا  الحِسَابُ عَدًّا وَلَا حَصْراً. وَسَلَّمَ تَسْلِيْماً كَثِيْراً. أَمَّا بَعْدُ:

Sekabehing puji kagem Gusti Alloh ingkang boten paring winates dumateng pamikiring menungso tumprap kaajaiban sangkan paranning dumadi. Ingkang boten paring karibetan dumateng akaling menungso kangge mbikak werdining sangkan paranning dumadi, kejawi akal ingkang gemblung nampi panguwaosipun Gusti Alloh. Ingkang tansah lumeber kawelasasihipun maringi kanugrahan dumateng samudoyo jagad panguripan, arupi nikmat mupangat ingkang kanugrahaken dumateng samudayanipun, kanti sumejo ngupoyo kanugrahan kolowau utawi boten sumejo. Soho wiwit saking kawelasasihipun manyipto menungso saking toyo komo (mani), lajeng dumados sesambungan sesimahan, kanti jalaran gegarisan nasab utawi kanti jalaran ngedekaken jejodohan ponokrami. Ugi ingkang maringi kanugrahan nepsu syahwat dumateng menungso ingkang kanti jalaran meniko menungso saget ngetrepaken nepsu syahwat meniko kanti netepi angger-anggering jagad. Pramilo meniko, kanti netepi angger-anggering jagad linahiraken bebrayan anak putu. Salajengipun Gusti Alloh dadosaken kawigaten ngenani prakoro nasab soho dadosaken satunggaling angger-angger kangge pranatanipun. Pramilo meniko, lajeng dipun karamaken sesambungan nzino soho ngetrepaken nepsu syahwat ingkang nerak soho nyeleweng saking angger-angger kolowau, dados satunggaling lelampahan ingkang leres-leres cinegah. Soho tiyang ingkang jejarag nyeret awake ngelampahi lelampahan ingkang cinegah kolowau minongko ngelampahi dedosan ingkang sanget nisto soho leres-leres minongko ingkang ngelampahi dedosan soho kamunkran. Sawentawisipun Gusti Alloh maringi pangarah dumateng menungso soho marintah supados ngelampahi jejodohan ponokrami, kanthi parintah sunnat utawi wajib. Salajengipun shalawat sarto salam mugi-mugi tansah lumeber dumateng junjungan kito Nabi Muhammad saw., ingkang dipun utus supados maringi pangenget-enget soho pawartos kebingahan. Ugi mugi-mugi dipun lumeberaken dumateng prokaluargo soho sokabatipun, minongko luberaning shalawat ingkang boten winates, soho salam ingkang maluber-luber. Amma ba’du :
قال الله تعالى في كتابه الكريم  : يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا الله حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إلاَّ وَأَنتُم مُسْلِمُونَ.[1] يَا أَيُّهَا النَّاسُ اتَّقُوا رَبَّكُمُ الَّذِى خَلَقَكُم مِّنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثَّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيراً وَنِسَاءً، وَاتَّقُوا الله الَّذِى تَسَاءلُونَ بِهِ والأَرْحَامَ، إنَّ الله كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيباً. [2]  يَا أَيُّهَا الَّذِين آمَنُوا اتَّقُوا الله وقُولُوا قَوْلاً سَدِيداً . يُصْلِحْ لَكُمْ أعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ، وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فازَ فَوْزاً عَظِيماً. [3]

He wong-wong kang podho ngimani, takwoho siro kabeh marang Gusti Alloh kanti sabener-benere takwomarang panjenenganipun; lan ojo nganti pisan-pisan siro kabeh tumekaning pati kejobo kanti ngugemi ageman  agomo Islam. He wong-wong kang podho ngimani, takwoho siro kabeh marang Gusti Alloh lan rembuganno kanti embugan kang pener, temtune Gusti Alloh dadekake kabecikkan marang siro kabeh marang amalan-amalan siro kabeh lan paring pangapuro marang siro kabeh marang doso-doso siro kabeh. Lan sopo wae kang tuhu miturut marang Gusti Alloh lan Rasule, mongko sabenere deweke kabeh wus entuk kamenangan kang agung.

Hadirin hadirot ingkang dipun rahmati Gusti Alloh ….
Kekalih bakal besan ingkang kabagyan ….
Kekalih bakal sarimbit pinganten ingkang ajer sumringah ….


Kawulo aturaken ngangge ukoro “bakal besan” soho “bakal sarimbit pinaganten” keranten akad nikah utawi ijab qobul dereng dipun tindakaken, insya Allah sakedap malih nembe bade dipun tindakaken. Sasampunipun akad manke nembe kanti gumathok soho sah bakal besan dados besan lan bakal sarimbit pinaganten dados sarimbit pinaganten.

Pernikahan, jejodohan meniko, boten namung sawentawis nuruti karep lan jumbuhake roso katrisnane priyo lan wanito. Boten namung sawentawis nerusno pangalembono lan endahing ukoro kang sarwo manis. Sanadyan akeh ing tengah ndalan suloyo dadi gegirisi asifat bengis, sing wadon  nyandang tetangis, karono  sing lanang keserupan iblis. Lali duk naliko semono ing malem kemis, pas udan rintis-rintis grimis, podho mangan bolu lapis.

Pernikahan, jejodohan meniko minongko sunnah Rasul ingkang kinurmat soho suci. Pawongan sinten kemawon ingkang boten nindakaken sunnah meniko utawi sumejo wadat tanpo bebrayan, piyambakipun boten kalebet golonganipun umat Islam. Pramilo meniko, luweh-luweh dumateng bakal sarimbit pinanganten kekalih, kawulo wanti-wanti bilih pernikahan, jejodohan meniko boten dados lelampahan kados gegojegan, cobi-cobi icip-icip, utawi kados tumbas sandangan, dipun cuci lan disetriko ngangge wewangian lan dianggo saben dino, nanging sawuse bosen lan ora nganggokno maneh karono wus ono ijole sing anyar soko toko, sing lawas diklimprukake, disingkirno bloko suto karono diroso ora migunani maneh.  Na’udzu billahi min … dzalik.

Hadirin hadirot ingkang dipun rahmati Gusti Alloh ….
Kekalih bakal besan ingkang kabagyan ….
Kekalih bakal sarimbit pinganten ingkang ajer sumringah ….


Kito sami ingkang hadir wonten mriki bade anyekseni panjenengan kekalih bade nindakaken menopo ingkang poro alim ulama nyebataken injih meniko akad nikah utawi ijab qabul, senaoso kanti gumathoking pranatan administratif  iangkang tapak asmo wonten berkas berita acara saking KUA namung tiyang kalih seksinipun.

Kito sami ingkang hadir wonten mriki yakin panjenengan kekalih sampun sumadyo, pisik utawi psikis kangge nindakaken sunnah Rasul akad nikah meniko, ingkang wonten al-Quran dipun sebataken pinongko mitsaqan ghalizha (prasetyo agung utawi kukuh). Wonten al-Qur’an istilah meniko namung sinebataken kaping tigo :

Kaping sepindah : Naliko Gusti Alloh mundut prasetyo kalih poro Nabi, Nabi Nuh as, Ibrahim as, Musa as soho Isa as (QS. al-Ahzab, 33 : 7)
Kaping kalih : Naliko Gusti Alloh ngangkat gunung Tursina ing nduwure sirahe bani Israil supados nerimo prasetyo wonten ngarsanipun Gusti Alloh (an-Nisa, 4 :154)
Kaping tigo:  Naliko Gusti Alloh nyebataken ngenani prasetyo wonten jejodohan nikah (an-Nisa, 4 : 21).
Pernikahan, jejodohan meniko dipun sebat pinongko mitsaqan ghalizha (prasetyo agung utawi kukuh) saget kito sami mangertosi keranten mawi akad meniko : sepindah, ngalalaken ingkang karam. Werdinipun sesambungan ingkang saderengipun karam kanti sabakdanipun akad meniko dados kalal. Kaping kalih, kanti akad meniko bade nglahiraken samudoyo hak soho kawajiban setunggal lan setunggale ing dalem simah bebrayane ngaurip. Kaping tigo, bade nglahiraken anak putu ingkang cetho trewoco nisbat kukum nasabipun kangge ngelajengaken bebrayan uriping menungso wonten jagad gumelar meniko.

Salebetipun ngelampahi simah bebrayane ngaurip saget dipun ngibarataken kados nembe nyepeng nahkodo kapal wonten tengahing samodro ingkang boten kasepen saking poncoboyo sabetaning ombak soho lesus. Menawi sang nahkodo kolowau cekatan soho trampil anggenipun nahkodani kapal bade selamet soho saget dumugi papan ingkang dipun tuju. Sawangsulipun menawi sang nahkodo kolowau klepyan soho boten nguasani kapal temtu bade kerem ambles wonten samodro. Na’udzu billahi min … dzalik.

Hadirin hadirot ingkang dipun rahmati Gusti Alloh ….
Kekalih bakal besan ingkang kabagyan ….
Kekalih bakal sarimbit pinganten ingkang ajer sumringah ….


Ingkang wigati kados dene dipun sebataken wonten ayat al-Qur’an kolowau pamungkasipun  ing dalem simah bebrayane ngaurip : sepindah, qulu qaulan syadida. Direkso tutur wicoro keranten masalah alit saget dados ageng keranten tutur wicoro. Sawangsulipun masalah amrat dipun roso enteng keranten tutur wicoro. Kaping kalih, yuslih lakum a’malakum wa yaghfir lakum dzunubakum. Menungso meniko beten moloikat soho boten pisan-pisan bade saget dados moloikat. Kadangkolo khilaf, lali,  lan salah. Nanging ampun ngantos dados iblis ingkang salah salami-laminipun. Ndang cepeto tobat, njaluk pangapuro marang Gusti Alloh lan podho pangapuran antarane siji lan sijine, lajeng akeh-akeh ngamal soleh.

Makaten meniko antawisipun ciri simah bebrayane ngaurip ingkang takwo, mituhu lan miturtut marang dawuhe Gusti Alloh soho Rasulipun ingkang dipun janjekaken bade kantuk kanugrahan fauzan ‘azhima (kamenangan ingkang agung). Walhasil, mugi-mugi kanti sabakdane nindakaken mitsaqan ghalizha sawentawis malih, insya Allah bade kantuk kanugrahan fauzan ‘azhima, amin Allohumma … amin.

وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ.
 والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته.






KHUTBAH NIKAH BAHASA INDONESIA
Ditulis Oleh K. Musthofa dan dibacakan pada pernikahan Putri Beliau

Bapak ibu saudara yang dimulyakan Allah.
Pertama-tama, perkenankanlah kami untuk menyampaikan sepatah dua patah  kata, sebagai pelengkap serta kesempurnaan pada saat-saat yang berbahagia ini serta saat yang mengesankan dan saat yang tak mudah dilupakan bagi kita, terutama bagi mempelai berdua, yaitu suatu upacara yang sangat penting bagi kehidupan seseorang ialah upacara  Akad Nikah. Saya katakan sangat penting karena, masalah perkawinan bagi kehidupan seseorang merupakan masa peralihan dari Alam Dewasa ke alam Berumah Tangga yang menjadikan  kesan kesempurnaan dalam hidup tiap-tiap umat, tanpa adanya akad nikah, tak mungkin akan terbina rumah tangga yang sejahtera, untuk itu, agama memerintahkan membina rumah tangga yang aman dan sempurna dengan melalui melaksanakan nikah sebagaimana yang telah ditentukan oleh syari’at agama yang telah diatur  oleh pemerintah dalam pelaksanaannya.

Oleh karena itu Allah menciptakan manusia berupa Pria dan Wanita agar saling menyempurnakan kehidupannya bersama-sama karena itu seorang Pria belum sempurna hidupnya sebelum beristri. Demikian halnya seorang wanita belum lengkap hidupnya sebelum bersuami.

Hadirin yang budiman arti pernikahan yaitu, suatu ikatan lahir batin yang diperintahkan oleh agama, antara seorang laki-laki dan seorang perempuan untuk memenuhi hajat hidup bersama dan berrumah tangga untuk memperoleh keturunan yang syah, dengan sarat-sarat yang ditentukan oleh syariat agama.

Para hadirin dan mempelai berdua, ada juga orang yang merasa takut menjalankan pernikahan karena terlalu banyak pertimbangan dari segi laba dan ruginya dalam pernikahan. Jadi seolah-olah pernikahan harus menunggu kalau hartanya sudah melimpah sekalipun jadi jejaka tua. Padahal perkawinan sangat simpel dan sederhana, sehingga hanya kapital sepeda ontel, mereka berani melaksanakan perkawinan, asalkan kedua mempelai itu ada kesiapan untuk berumah tangga dan tau betul bahwa pernikahan adalah sunnah rosul dan termasuk ibadah.

Maka dengan rasa tawakkal dan penuh keyakinan serta bertanggung jawab dan di awali dengan Bismillahirrohmanirrohim ternyata banyak yang sukses dan berbahagia sampai kaken-kaken ninen- ninen.
Rosululloh bersabda
اَلنِّكَاحُ سُنَّتِيْ وَمَنْ رَغِبَ عَنْ سُنَّتِيْ فَلَيْسَ مِنِّيْ

Perkawinan adalah Sunnahku, barangsiapa tidak mengikuti sunnah-Ku, maka ia tidak termasuk golongan-Ku.

Namun ada juga seorang yang kaya raya, pernikahan dilaksanakan dihotel mewah yang berbintang, dihadiri para pejabat yang ternama serta menghabiskan biaya yang besar nominalnya namun perkawinan baru berselang beberapa bulan, rumah tangganya porak poranda dan terjadilah perceraian. Karena kurangnya memahami aturan-aturan pernikahan dan mungkin tidak didasari dengan ibadah tetapi semata-mata hanya mengikuti nafsu birahi belaka. Maka akhirnya tidak mendapatkan kebahagiaan dari Allah SWT. Melainkan hanya kebencian dari Allah SWT. Maka yang penting bagi pasangan calon suami istri harus selalu ingat dan faham betul firman Allah :
وَعَاشِرُوْهُنَّ بِالْمَعْرُوْفِ     
Pergaulilah istrimu dengan baik.

Didalam ayat tersebut, Allah memperingatkan pada calon suami untuk berlaku baik dalam segala bidang dan dalam urusan rumah tangga diantaranya adalah: bergaul dengan istri dengan cara yang ma’ruf baik dalam tutur kata maupun dalam perbuatan.
Rosululloh SAW bersabda :

أَكْمَلُ الْمُؤْمِنِيْنَ إِيْمَانًا أَحْسَنُهُمْ خُلُقًا. وَخِيَارُكُمْ خِيَارُكُمْ لِنِسَائِهِمْ
Orang mu’min yang paling sempurna imannya ialah yang terbaik budi pekertinya, dan orang pilihan diantara kamu ialah yang berbuat baik kepada istri-istri mereka. (HR.Tirmidzi dan Ibnu Hibban dari Abu Hurairah)
Rosululloh bersabda

مَا أَنْفَقَ الرَّجُلُ فِيْ بَيْتِهِ وَأَهْلِهِ وَوَلَدِهِ وَخَدَمِهِ فَهُوَ لَهُ صَدَقَةٌ
Segala sesuatu yang diberikan oleh suami dalam rumah tangganya untuk istrinya, anak-anaknya dan pembantunya maka hal itu menjadi sodaqoh baginya (HR. Tobroni)

Sekarang sebaliknya bagaimana menjadi seorang istri yang baik, istri baik ialah wanita yang mengerti tugas-tugasnya dan tidak banyak tuntutan.
Sabda Nabi Muhammad SAW
وَالْمَرْأَةُ رَاعِيَةٌ عَلَى بَيْتِ زَوْجِهَاوَوَلَدِهِ
Kaum wanita adalah pemimpin/ bertanggungjawab atas rumah tangga suaminya dan anak-anaknya.

Ada Hadits lain menerangkan bahwa Wanita yang paling baik ialah bila engkau lihat maka ia menggembirakan, bila engkau perintah mentaatinya dan bila engkau tidak di rumah ia menjaga hartamu dan menjaga dirinya.

Demikian beberapa pelajaran dari Rasululloh untuk mempelai berdua. Dan kami doakan semoga pernikahan ananda berdua betul-betul barokah dan manfaat serta diridhoi Allah SWT. Dan semoga dapat menemukan rasa sakinah, mawaddah, warohmah. Amiin Ya Robbal Alamiin.

أقول قولي هذا واستغفروا الله العظيم

0 komentar:

Posting Komentar